Pages

Wednesday, February 29, 2012

TRESNOKU

Tresnoku marang sliramu,
Luwih jero soko samodra,
Luwih duwur soko gunung,
Lan aku tresno marang sliramu luwih soko aku tresno marang awakku.
Aku wis kadung tresno marang sliramu, wingi, saiki, lan mbesuk,
Sliramu kang gawe ayeme atiku,
Sliramu kang gawe tentreme uripku,
Sliramu kang ngukir jiwo rogoku.
Sliramu iku urat nadi lan jantungku,
Sliramu iku jiwa lan ragaku,
Sliramu iku mripat lan atiku,
Kabeh sing neng awakmu, iku eneng neng aku.
Gusti iku moho asih,
Menehi sliramu ning uripku, kang gawe lengkape uripku,
Ibarat aku kui tanduran, sliramu iku banyu kang menehi kauripanku,
Bapa, biyung, aku tresno marang sliramu jero-jero banget.


by Epha Ephina(eva evina)

No comments: